20 Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa yang Lengkap dan Tidak Bertele-tele

Di Indonesia, acara pernikahan digelar sesuai dengan tradisi adat yang diikuti, salah satunya adat Jawa.
Biasanya, rangkaian acara dalam pernikahan adat Jawa dibawakan oleh pembawa acara atau master of ceremony (MC) dengan bahasa Jawa.
Seorang MC diberikan teks berupa susunan acara pernikahan untuk memandu jalannya acara tersebut.
Sebagai inspirasi, berikut Insertlive telah merangkum 20 contoh teks MC pernikahan dalam bahasa Jawa yang lengkap dan tidak bertele-tele.
1. Contoh Teks MC 1
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta'dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul 'urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambukokalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do'aipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'an, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..........................................
Shodaqollahul 'adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,
........................................
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
..................
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..................
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
..................
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do'aipun.
...................
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do'a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil 'alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb
2. Contoh Teks MC 2
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta'dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul 'urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an

Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'a, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

3. Contoh Teks MC 3
Assalamu'alaikum wr. wb.
Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten......
Panjenenganipun Bapa Suwardi minangka sulih sarira saking Bapa Gito Suwarno-Ibu Tuginem, ingkang tuhu kinurmatan.....
Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.........
Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT Gusti Ingkang Maha Agung,
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Bambang Sutopo, S.Pd, sekalian Ibu Jari, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem.
Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Bambang Sutopo sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem-sapendherek, ingkang pidalem wonten ing Dukuh JatisarI, Desa Jatimulyo, Kecamatan Petanahan, Kabupaten Kebumen.
Kaping kalih, menggah salam taklim Bapa Gito Suwarno sekalian lumantar panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur "wa'alaikumussalam wr.wb".
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Roro Niken Sunarsih, SKM, ingkang sampun kaleksanan Ijab Qabul daup kalian Bagus Rangga Sholichin, S.Pd, kala dinten Kamis Pon, 29 November 2018.
Bp-Ibu Bambang Sutopo, sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah....
Saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, temanten kekalih tumunten badhe kalenggahaken, manut tatacara lan pradatan ingkang lumampah wonten kampung mriki....
Dumateng Bapa Suwardi sak-penderek, kula aturi pinarak lenggah wonten papan ingkang sampung kasediaaken kanthi mardiko mardikaning manah, ngantos purnaning pahargyan.
Panyuwunipun Bp-Ibu Bambang Sutopo dalasan kulawarga, mugi panjenengan sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal 'aalamiin.....
Mbok bilih samangke pahargyan sampun purna, panjenengan sarombokan bade pamit, Bapak Ibu Bambang Sutopo sakulawarga namun saget atur donga pangestu, mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki ngantos dumugi dalem sowang-sowang, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa....
Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken panjenengan sedaya mboten rena ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami......
Billahittaufiq wal-hidayah, Wassalamu 'alaikum wr.wb
4. Contoh Teks MC 4
Assalamualaikum, wr, wb..
Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kulo to'ati
Dumateng kemanten kekalih inggih meniko mas (....) kaliyan mbak (....) ingkang berbahagia.
Dumateng Bapak Shohibul Hajjah sekeluarga ingkang kulo hurmati.
Lan dumateng poro pengiring saking kemanten kakung ingkang kawulo hurmati.
Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah Swt.
Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara temu manten meniko kanti keadaan sehat wal afiyat.
Kaping kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.
Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko.
Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kita pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.
Kaping tigo, kulo teng mriki selaku pranatacara manten, mboten perlu anggenipun kulo matur katah wicantenan.
Ingkang sepindah pembukaan Ingkang kaping kalih pewaosan ayat suci al-Quran
Ingkang kaping tigo sambutan penyerahan saking pihak temanten estri.
Ingkang kamping sekawan sambutan penerimaan saking temanten kakung.
Ingkang terakhir mauidoh hasanah.
Pramilo mongo kito buka acara ing ndalem meniko kanti waosan fatihah.
Kanthi harapan mugi-mugi acara milai awal ngantos akhir saget berjalan kelawan lancar.
Al-fatihah.
Acara selajingipun inggih meniko pewaosan ayat suci Al-Qur'an ingkang bade dipun waos kalian ustad (.....).
Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken.
Mekaten kolo wau, pewaosan ayat suci Al-Qur'an ingkang sampun dipun waos. Mugi saget beto barokah dumateng kito sedoyo. Amiin.
Acara ingkang selajengipun, inggih meniko penyerahan saking pihak kemanten estri, dumateng perwakilan saking manten estri, wekdal lan panggenan kulo sumangga'aken.
Mekaten kolo wau, sambutan penyerahan ingkang sampun dipun sampeaken. Mugi saget beto kemanfaatan kengge kemanten kekaleh.
Hadirin ingkang kulo hurmati.
Kangge acara selajengipun inggih puniko sambutan penerimaan saking pihak kemanten jaler, dalam hal meniko badhe dipun sampeaken kalian Kiai (....)
Ananging, sak derengipun sambutan meniko dipun sampeaken, kulo teng mriki selaku pembawa acara atawi pranatacara.
Mbok menawi mulai awal ngantos akhir wonten pinten-pinten perkawis ingkang kirang nyeceki dumateng manah panjenengan sedoyo, kulo nyuwun agungipun pangapunten.
Saking kulo pribadi, kulo akhiri.
Wassalamualaikum, wr, wb..
Dumateng Kiai (.....) saking Sidoarjo, wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken.
5. Contoh Teks MC 5
Assalamualaikum w.w.
Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro.
Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.
Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat, misal: Bapak Gino).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(nama pengantin putri, misal: Iwes Nu S.Pd)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus ..... (pengantin putra, Den Lebas S.Hum) atmaja putranipun Bapak...(nama besan, misal: Atmaraja) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan, misal: Pedalangan Tembalang Semarang).
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan, hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. Ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
1. Pambuka
2. Mijilipun temanten putri
3. Praptaning temanten kakung
4. Pasrah-tampi
5. Panggih
6. Krobongan
7. Mapak besan
8. Sungkeman
9. Photo temanten
10. Pambagya harja
11. Panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya kesdu hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.
Nuwun, wasssalamualaikum w.w.
6. Contoh Teks MC 6
Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh
Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung tamu sinedhahan kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan, saha ingkang bagya mulya.
Mugi kawilujengan, rahmat, sarta nugrahing Gusti Ingkang Mahakuwaos katedhakna saha tansah kasarira dhumateng panjenengan sedaya hing papan menika, satemah sageda hamimbuhi pepadhang wilujeng nir sambekala.
Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah nyenyuwun saha hameminta, mugi sih wilasa wilasanipun Pangeran tansah hanglimputana saha handayani hing papan menika, satemah hamung pinanggih hayu, hayem, hayom lan handayani.
Kanthi tansah hanyenyadhang berkahing Allah Ingkang Maha Asih, kepareng kula Imam Sutardjo ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah adicara hing wanci menika.
Kanthi tansah hanyenyadhang berkahing Allah Ingkang Maha Asih, kepareng kula Imam Sutardjo ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah adicara hing wanci menika.
Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, wondene penganten kekalih sampun tinangsulan tatacara akad nikah rikala dinten Selasa Legi surya 6 Desember 2022 kanthi wilujeng kalis ing rubeda ingkang mapan wonten Bantul.
1. Pinangka purwakaning adicara pahargyan pawiwahan ing sonten menika penganten putri kakanthi lenggah hing krobongan.
2. Sasampunipun penganten putri sampun satata lenggah, katungka bidhalipun ingkang kasraya mapak penganten kakung.
3. Wondene adicara srah tinampi penganten kakung katindakaken menawi penganten kakung sampun samapta hing sangajengipun papan pahargyan pawiwahan.
4. Purna adicara srah tinampi, kalajengaken adicara tatacara panggih hanut satataning adat. Manawi tatacara panggih sampun purna, penganten sarimbit kasingepan slindur, lajeng kakanthi tumuju hing krobongan, samapta badhe hanindakaken tatacara krobongan.
5. Para tamu kakung putri ingkang tansah kula bekteni. Purna tatacara krobongan, besan sapangombyong tumuli kahaturan rawuh martuwi penganten, ingkang limrah winastan besan martuwi. Manawi besan sapangombyong sampun satata lenggah, penganten tumuli hanindakaken tatacara ngabekten.
6. Purnaning adicara winastan bedholan penganten.
Mekaten para tamu sinedhahan kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing lampah-lampah adicara pahargyan pawiwahan penganten ingkang prasaja hing wanci menika, mugi handadosna kawuningan.
7. Contoh Teks MC 7
Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah .......................... ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul 'urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.
1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko
2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih
3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala
LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH
Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek..............saking......wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x
''Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!
Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken......
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak .................badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ......... ........ pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga...!!!
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan, (bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak.......... Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai ............ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai.............wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.
Minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening bapak ........ ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak (shohibul bait) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
Lan dumateng bapak ............... wekdal saha sasana kawula aturaken.
8. Contoh Teks MC 8
Assalamuallaikum Wr. Wb.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika.
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa Tarjo piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu Nadira ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus Gandhung atmaja putranipun Bapa Budiman ingkang mijil saking laladan Sukosari, Ngayogyakarta.
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan, Ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
1. Pambuka
2. Mijilipun temanten putri
3. Praptaning temanten kakung
4. Pasrah-tampi
5. Panggih
6. Krobongan
7. Mapak besan
8. Sungkeman
9. Photo temanten
10. Panutup/purna
Ananging sak dherengipun maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampoahibg roncening adicoro wiwit awi dumigi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.
Akhirul kalam
Wassalamu alaikum Wr.Wb.
9. Contoh Teks MC 9
Dumateng poro Alim poro Ulama ingkang tansah kawulo hurmati soho kawulo to'ati
Dumateng poro Sesepuh soho Binisepuh ingkang kawulo hurmati soho kawulo mulyaaken
Dumateng Bapak/Ibu shohibul Hajjah ingkang kawulo hurmati soho kawulo mulyaaken
Dumateng poro hadirin hadirot ingkang kawulo hurmati ingkang berbahagia
Sepindah, monggoh kulo soho panjenengan sedoyo sami muji syukur dateng ngersanipun Allah SWT. Dene punopo keranten rahmat, hidayah soho inayahipun kulo soho panjenengan sedoyo saget hadir ing ndalem mriki panggenan kanthi keadaan sehat wal afiyat dhohiron wa batinan.
Ingkang kaping kalih, sholawat soho salamipun Allah SWT, mugi-mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng Nabi Muhammmad SAW. Keranten dia lah setunggal setunggal ipun Nabi, lan setunggal-setunggal ipun Rosul ingkang saget paring syafaat dateng kulo soho panjenengan sedoyo mbenjang ingndalem dinten kiamat.
Ingkang kaping tigo, kulo wonten mriki selaku pembagi wekdal (pranatacara) mboten perlu kulo matur katah wicantenan, pramilo saking meniko lansung keh mawon kulo wahosaken pinten-pinten susunan program ingkang badhe terselenggara ing ndalem wekdal sonten puniko. (untuk waktu bisa Anda ubah sesuai waktu yang berlaku pada program tersebut)
Kangge program ingkang badhe terselenggara in ndalem wekdal sonten meniko, inggih puniko:
Pewaosan ayat-ayat suci Al-qur'an
Sambutan penyerahan saking pihak kemanten jaler/kakung
Sambutan penerimaan saking pihak kemanten estri
Penutup ingkang diisi kelawan waosan do'a
(Silahkan sampaikan dengan pola pembicaraan yang terstruktur dan gampang dipahami)
Mekaten kolo wau, susunan program atawi pranataara ingkang badhe terselenggara wonten wekdal sonten meniko.
Poro hadirin-hadirot ingkang kulo hormati...
Kangge program ingkang awal inggih puniko pembukaan, pramilo monggoh program ing ndalem wekdal sonten meniko kito buka kelawan waosan surat Al-fatihah, kanthi cita-cita migi-mugio program mulai awal ngantos final saget berjalan kelawan lancar mboten wonten halangan punopo-punopo.
Al-fatihah............. (Bisa Anda konsep dengan lafadz yang lain dan tunggu beberapa ketika hingga kira-kira pembacaan selesai)
Matur sembah nuwun atas waosan surat Al-Fatihah kolo wau.
Poro hadirin-hadirot, bapak ibu ingkang kulo hormati...
Kangge program selajengipun inggih puniko pewaosan ayat-ayat suci Al-qur'an, ing ndalem hal meniko badhe dipun sampe'aken kalian Ustadz Udin saking Krembung Sidoarjo. Dumateng panjenenganipun, wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken.
Mekaten kolo wau pewaosan ayat-ayat suci Al-qur'an ingkang sampun dipun waos, mugi-mugi sageto mbeto kemanfaatan kangge kulo soho panjenengan sedoyo fiddini waddunnya hattal akhiroh..
Poro hadirin-hadirot ingkang kulo hormati.
Kangge program selajengipun inggih puniko sambutan penyerahan saking pihak kemanten kakung/jaler, ing ndalem hal meniko badhe dipun sampeaken kalian Romo kyai Syafiudin S.Pd.,M.pd saking Sidoarjo.. Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken..
Mekaten kolo wau sambutan penyerahan ingkang sampun dipun sampeaken, mugi-mugi nopo ingkang sampun dipun sampeaken kolo wau saget mbeto pesan yang tersirat kanggene kemanten/pengantin kekalih ingkang akhiripun saget dados keluarga ingkang sakinah, mawaddah, warrohmah amin.
Kangge program selajengeipun inggih puniko sambutan penerimaan saking pihak kemanten estri, ing ndalem hal meniko badhe dipun sampeaken kalian Romo kiai Syafik saking Surabaya. Dumateng panjenenganiun wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken.
Mekaten kolo wau sambutan penerimaan saking pihak kemanten estri ingkang sampun dipun sampeaken, mugi-mugi kulo soho panjenengan sedoyo khususipun kemanten/pengantin kekaleh saget mendet intisari saking nopo ingkang sampun dipun dawuhaken. Amin.
Poro hadirin-hadirot ingkang kulo hormati.
Kangge program ingkang terakhir, inggih puniko pewaosan do'a, ing ndalem hal meniko badhe dipun sampe'aken kalian Romo kyai Mukri saking Soko Tuban. Ananging, sak derengepun do'a dipun waos, kulo selaku pembagi wekdal atawi "pranatacara", mbok menawi wonten garang sarunipun rembag anggenipun kulo matur, kulo nyuwun agungipun pangapunten dumateng panjenengan sedoyo.
Saking kulo pribadi, kulo akhiri Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Dumateng romo kyai Mukri, wekdal soho panggenan kulo sumangga'aken.
10. Contoh Teks MC 10
Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah ... ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul 'urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul 'urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.
1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko
2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al-Qur'an dumawah adicoro ongko kalih
3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala
LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH
Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek ... saking ... wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al-Qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Allah Swt, Amin 3x.
"Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan!"
Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken......
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ... badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ... pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken.
Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu.
Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika. Sumangga.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan, (bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu, pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak..........
Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai ............ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai.............wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.
Minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening bapak ........ ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami.
Lan dumateng bapak ... wekdal saha sasana kawula aturaken.
11. Contoh Teks MC 11
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten ... ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil "alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa'at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci Al-Qur'an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah.
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur'an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat Al-Qur'an)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.
(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau'idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.
Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.
12. Contoh Teks MC 12
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
13. Contoh Teks MC 13
Assalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh
Bismillah, Alhamdulillah
Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din.
Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh.
Alhamdulillahilladzi nazzalal furqoon 'ala' 'abdihi liyakunu lil 'alamina nadziron. Wa ataahullahul mulka wal hikmata Wa 'allamahu mimmaa yasyaa'u. Wa man yu'til hikmata faqod utiya khoiron katsiron.
Dhumateng panjenenganipun Bapak ....... para sedherek, bapak-bapak, ibu-ibu saha para tamu undangan ingkang kula hormati, mliginipun kalih penganten kakung.
Kawiwitan patemon ing resepsi penganten (walimatul ursy) punika sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah swt. ingkang sampun paring rahmat, taufiq lan hidayahipun dumateng kito sedoyo.
Supados ing wekdal menika kita saged makempal, rawuh wonten ing undangan bapak.../ibu... wonten ing acara resepsi penganten putra..../putri .....karo pasangan ingkang dipuntresnani asmanipun .. .......

Kaya ratu lan ratu sing bungah lan kembang, ngenteni wektu sing apik ing wengi pisanan sing nyenengake lan uga seneng.
Mugi-mugi adicara penganten ingkang nembe kalaksanan pikantuk barokah saking Allah swt. Satemah penganten/kakung saget nyipta rumah tangga ingkang harmonis kebak rasa tresna lan tresno (sakinah, mawaddah, wa rahmat).
Kula minangka panyengkuyung acara resepsi punika, kula rumaos prelu ngaturaken adicara walimatul ursy punika, inggih punika:
Pambuka
Waosan ayat-ayat suci A1-Qur'an
Salam saking penganten/pengantèn
Salam saking penganten kakung/Resepsi
Mauidhatul hasana (nasihat perkawinan)
Mauidhatul hasana (nasihat perkawinan)
Bapak-bapak saha Bapak-bapak ingkang kula hormati, mekaten adicara walimatul ursy siang/sore punika.
Pambuka:
Kangge nyepetake wekdal, sumangga acara menika kita bikak kanthi maos Ummul Qur'an, biniyyatis syifa' was salamah wal qabul bijahi' sayyidina Rasulullah Muhammadin SAW. Al Fatihah
(Sasampunipun maos Al-Fatihah sesarengan utawi pambuka saged katindakaken kanthi maos Basmalah, lajeng MC nglajengaken).
Mugi-mugi kanthi waosan Al-Fatihah utawi Basmalah ingkang rumiyin, adicara menika saged lumampah kanthi lancar boten wonten alangan setunggal menapa, saha ganjaranipun badhe wangsul dhumateng kita sedaya.
Mliginipun kagem penganten kakung supados rumah tangga ingkang bingah, ayem lan tentrem, amin.
Waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an, mlebet ing program ingkang kaping kalih inggih menika
Waosan ayat-ayat suci A1-Qur'an
Ingkang badhe dipun waos dening ustadz ............... dumateng panjenenganipun.
(Sakwise waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an, MC nglajengake acara....).
Dhumateng ....... ngaturaken agunging panuwun, mugi-mugi waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an mugi-mugi pinaringan ganjaran dumateng para pamaos mliginipun, ugi dumateng kito sedoyo ingkang midhangetaken. iku.
Salam saking penganten/pengantèn
Lumampah ing adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking penganten kakung dhumateng penganten kakung ingkang badhe kaaturaken dening bapak/ibu ingkang kinurmatan......... dumateng panjenenganipun.
(Sakwise pidato serah terima, MC bali ngaturake adicara).
Mekaten atur pangandikan ingkang kaaturaken dening Bp.... Dhumateng panjenenganipun kula ngaturaken agunging panuwun.
Temtunipun calon penganten kakung saha kulawarga saged mangertosi saha nampi kanthi tulusing manah kanthi sedaya kaluwihan saha kekuranganipun.
Sambutan saking pihak penganten kakung/Resepsi :
Isih wonten ing adicara sambutan ingkang kaping kalih inggih menika tanggap warsa saking pihak penganten kakung, ing mekaten ingkang kinurmatan ....... dumateng panjenenganipun.
(Sakwise pidato serah terima, MC bali ngaturake adicara).
Dhumateng panjenenganipun, kula aturaken agunging panuwun, mekaten atur panuwun ingkang sampun kalampahan, sumangga kita sesarengan ndedonga.
Mugi-mugi penganten kakung tansah pinaringan rahmat saha barokah saking Allah swt.
Supados saged mbangun rumah tangga ingkang bingah, fiddunya wal Akhirah, amin, Gustining alam.
Mauidhatul hasanah / pitutur nikah
Sapunika rawuh wonten ing adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mauidhatul hasanah/pitutur nikah ingkang badhe dipun aturaken dening ingkang kinurmatan.....Inggih sumanggakaken.
(Sakwise mauidhatul hasanah rampung, MC bali mimpin acara maneh, ngaturake panuwun kanthi ngucap, contone).
Ingkang kinurmatan Syaikhunal Kirom KH Saifun Nawasi, matur nuwun.
Para rawuh ingkang minulya saha para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, inggih menika Mauidhatul Hasanah, atur pambagyaharja ingkang kaaturaken dening Syaikhunal Kirom KH Saifun Nawasi.
Mugi-mugi reresik ruhani punika saged migunani tumrap kita sedaya, mliginipun calon penganten kakung saged dados tuntunan saha bekal anggenipun mbangun bebrayan, mawaddah wa rahmah wonten ing ngarsanipun Allah Swt.
Panutup / Doa :
Para sedherek, bapak ibu, para rawuh saha rawuhipun para tamu undangan ingkang sami bingah. Acara demiacara sampun katindakaken sesarengan, sakmenika sampun dumugi ing puncak acara inggih menika donga penutup ingkang badhe dipun pimpin dening ingkang kinurmatan Ustadz Saefi as-Suhaimi.
Ananging sakderengipun pandonga kawiwitan, kula minangka pembawa acara walimatul ursy menika kirang langkungipun nyuwun pangapunten. Dhumateng Ustadz Saefi as-Suhaimi ingkang satuhu kinurmatan, sumangga adicara menika ditutup kanthi donga, dumateng panjenenganipun kulo aturaken.
Akhire
Wallahul Muwafieq Ilaa Aqwamit Tharieq
Wassalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh
14. Contoh Teks MC 14
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidinamuhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' khususipun HajiKasbullah, S.Ag ingkang tansah kulo Hormati. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Tulungingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati. Mboten kesupen, Bapak haji Machfud keluarga ingkang berbahagia.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh S&T ingkang sampun maringi pinten'pintenkenikmatan sehinggo onten siang meniko kito Saget makempal wonten acora walimatul (urusy ingkangmugi'mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekalehkhususipun.
Sholawat ugi salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring kito uswatunkhasanah kangge kito ing ndalem ngelampahi kehidupan ing alam ndonyo ngantos dumugi yaumul qiyamah.
Hadirin ingkang kaulo hormati,Kawulo wonten mriki selaku pranoto a#oro bade !aosaken runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko:
* Ingkang sepisan, Pambuko
* Kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
* Adicoro urut ongko Tigo, atur pasrah penganten putro
* Wongdene adicoro ongko Sekawan, atur penampining pinanganten saking keluarga putri
* Wongdene adicoro ingkang ongko Gangsal, sabdo tomo soho do'aipun
* Adicoro ingkang urut Terkhir inggih meniko, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis siang, monggo kito bikak sareng'sareng kanti waosan
Basmalah................
Maturnuwun, mugi'mugi dados lancaripun acara ing siang meniko.
Acara ingkang ongko kalih inggih meniko aosan ayat suci al-Qur'an, ingkang bade kaastho dening Bapak
Taslim. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken sumonggo.
...................
Shodaqollahul 'adzim, mugi'mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeberdhumateng kito sedoyo.
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko Tigo, atur pasrah penganten putri.
Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
..................
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun (Ingkang ongko sekawan) atur penampining penganten putri sabdo tomo (Maoidhohkhasanah / ular-ular) ingkang badhe dipun astho Panjenenganipun "apak Haji Kasbullah, S.Ag..
..................
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susuringkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb
Dhumateng Bapak Haji Kasbullah, S.Ag. kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do'a'ipun
15. Contoh Teks MC 15
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu 'ala sayyidina muhammadin wa'ala alihi washohbihi ajma'in, amma Ba'du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama' khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta'dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul 'urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa'atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do'aipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho'illa Wa lissyafa'ati Rasulillah, Alfatihah...
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur'an, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..........................................
Shodaqollahul 'adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur'an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,
........................................
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
..................
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
..................
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
..................
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do'aipun.
...................
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do'a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil 'alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb
16. Contoh Teks MC 16
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahi rahmani rahim. Alhamdulillahi rabbil alaamin.
Hadlrotal Muhkarromin Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang sinatuhu dahat kinurmatan.
Hadlrotal Muhkarromin Poro Alim Ulama' poro Kyai ingkang sinatuhu dahat kinurmatan.
Mboten kesupen dumateng Sohibul bait ibu Rukaton sakeluargo ingkang kawulo mulyaaken
Agunging raos syukur dumateng ngarsonipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, hidayah, soho kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sami
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan kito tenggo syafa'at ipun benjang wonten ing dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
Titiadicoro ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang ongko kalih, waosan ayat suci al-Qur'an
Kalajengaken engkang ongko tigo, aqdun nikah
adicoro ingkang ongko, sekawan atur pambagyoharjo
Adicoro ingkang ongko gangsal, penutup
Keparengo pranoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah.......
Kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih, inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang bade kaastha dening bapak (joni adi fitrah),
dumateng panjenenganipun bapak (joni adi fitrah) wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken
(pembacaan ayat Al-Qur'an)
Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun
Kalajengaken adicoro ingkang ongko tigo, inggih meniko aqdun nikah, dumateng petugas sakeng KUA, wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken
Kalajengaken adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko atur pambagyo pinongko pasrah temanten putro,dumateng panjenenganipun bapak (nur shodin) wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
adicoro sak lajeng ipun Inggih meniko atur pinampining penganten putro, dumateng panjenengan ipun bapak (khasan khoironi), wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken
Dumateng panjenenganipun Kaaturaken Agunging panuwun
Kalajengaken adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko penutup, monggo kito tutup adicoro kanti waosan surotul fatihah alaniyah alfatihah
kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereaken lampahing adicoro wiwit awal dumugi akhir katah kekirangan, kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.
Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.
17. Contoh Teks MC 17
Assalaamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, rohmat, saha berkahipun Gusti Kang Murbeng Dumadi mugi tansah tumedhak lan kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsana saha ingkang tansah kinabekten.
Para priyagung, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari, ingkang minangka pangayomaning kawula dasih saha ingkang tansah binektenan.
Para dwija, para alim ulama, para paranpara ingkang minangka pandam pandoming dumadi, tansah dikir wonten ngarsa dalem Allah S.w.t., lan sumandhing wahyu Ilahi kitab suci.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri, dalah para lenggah ingkang kinurmatan.
Mangga sesarengan sami ngonjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawicaksana, amargi ing siang/dalu menika panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, saha tansah linuberan ing sih nugrahanipun.
Satemah saged rawuh wonten dalemipun/griyanipun Bapak/Ibu Supani ingkang saperlu aminangkani menapa ingkang dados pamundhutipun Bapak/Ibu Supani
Inggih menika hanjenengi, angestreni, saha paring puji pandonga dhumateng Bapak/ Ibu Supani sagotrah, ingkang ing siyang menika kagungan gadhah kersa angemah-emahaken/malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Rara Ita Sunita kaliyan Bagus Priyo Sambodo dhaup putra kakungipun Bapak/Ibu Fajar Nugraha.

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kinabekten, awit titilaksana lumampahing pawiwahan/pahargyan sampun ndungkap, pramila keparengan kula ingkang minangka pambiwara badhe angaturaken rerantaman lampahing adicara ing siyang punika.
18. Contoh Teks MC 18
Tuladha Atur Pambagyaharjo
Assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT ingkang Maha Asih, mugi tansahkasajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahatkinurmatan,
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggungmastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunhi, para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkangsinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenanghanampi wahyuning kasutaman ingkang satuhu bagya mulya.
Nun inggih, brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para purna karya label prajaingkang mahambeg luhuring darma, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhingKitab Suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wreda, carana madya, para tamu kakung suwana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bapak Prasetya MarselinoHadi sakaliyan garwa, kulaingkang kapitedhah sinaraya hambuka wiwaranging suka, wenganining wicara, dwaraningkandha pinangka jejering pambiwara, ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampunrinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika.Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, kepareng atur uninga menggah reroncening adicarasakmangke.
1. Pambuka.
2. Waosan Kitab Suci Al Quran.
3. Pasrah calon penganten kakung.
4. Tampi pasrah calon penganten kakung.
5. Ijab qobul nikahipun putra calon temanten.
6. Sumene
7. Penutup
Makaten urut reroncening adicara ingkang rinancang saha rinakit dening kulawarga.
Para lenggah,
Adicara ingkang angka sepisan sampun kaleksanan. Tataran ingkang angka kalih punika waosan Kitab Suci Al-Qur'an dening sedherek Dhea Imut
Dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut kula sumanggakaken.
WAOSAN KITAB SUCI AL QURAN
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun sedherek Dhea Imut.
Mugi-mugi amal kesaenan panjenengan katampi dening Allah SWT, saha pikantuk ganjaran pahala ingkang matikel-tikel.
Sampun paripurna titlaksana pasrah tinampining risang calon penganten kakung.
Laksitaning gati salajengipun nun akad nikah risang calon penganten kekalih. Dhumateng Bapak Naib saha parapara ingkang hanawung kridha tumapaking adicara akad nikah, sumangga.
UPACARA IJAB QOBUL
Para rawuh ingkang tuhu kinabekten.
Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas Bagas Triambodo Marsio kaliyan Nakajeng Ristanti Amalia Marselino Hadi sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Naib sakkadang.
Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak Prasetya MarselinoHadi sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati.
Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu Prasetya MarselinoHadi namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika.
Matur nuwun
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasajaingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripunBapak saha Ibu Sella dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh. Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih. Sumangga. Nuwun.
Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacarasaking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis sakingsambekala.
Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.
Alhamdulillahi rabbil'alamin.
Cekap matur nuwun.
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih BapakPrasetya sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lananggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu. Sella keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.
Konduripun para tamu, Ibu Sella sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan.
Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama.
Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Nuwun matur nuwun.
Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak ... sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta.
Sumangga, nuwun.
Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
19. Contoh Teks MC 19
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkanghanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhipundhi sahakinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahatkalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthakasowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganingwicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti ngkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alamagesang wonten madyaning bebrayan agung.
Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwakasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika,saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsaanggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargyasiwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwawaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan.
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu
nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-gending jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun
20. Contoh Teks MC 20
Assalaamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, rohmat, saha berkahipun Gust Kang Murbeng Dumadi mugi tansah tumedhak lan kasarira wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsana saha ingkang tansah kinabekten.
Para priyagung, para pangemban pangembang praja, para satriyaning nagari, ingkang minangka pangayomaning kawula dasih saha ingkang tansah binektenan.
Para dwija, para alim ulama, para paranpara ingkang minangka pandam pandoming dumadi, tansah dikir wonten ngarsa dalem Allah S.w.t., lan sumandhing wahyu Ilahi kitab suci.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri, dalah para lenggah ingkang kinurmatan.
Mangga sesarengan sami ngonjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawicaksana, amargi ing siang/dalu menika panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, saha tansah linuberan ing sih nugrahanipun.
Satemah saged rawuh wonten dalemipun/griyanipun Bapak/Ibu Supani ingkang saperlu aminangkani menapa ingkang dados pamundhupun Bapak/Ibu Supani.
Inggih menika hanjenengi, angestreni, saha paring puji pandonga dhumateng Bapak/ Ibu Supani sagotrah, ingkang ing siyang menika kagungan gadhah kersa angemah-emahaken/malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Rara Ita Sunita kaliyan Bagus Priyo Sambodo dhaup putra kakungipun Bapak/Ibu Fajar Nugraha.
Wondene ijabing penganten kekalih awit tansah pikantuk berkahipun Gus Ingkang Maha Agung Wondene ijabing penganten kekalih awit tansah pikantuk berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung Kalidawir kanthi kalis ing sambekala.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kinabekten, awit titilaksana lumampahing pawiwahan/pahargyan sampun ndungkap, pramila keparengan kula ingkang minangka pambiwara badhe angaturaken rerantaman lampahing adicara ing siyang punika.
(kpr/kpr)TERKAIT